Aku langsung ae yo..jujur ..iki cerito sing rodok panas… kyok nde internet2..arek cilik gaole moco..
Critane ngene..Wingi bengi aku ngeterno konco SMA e adikku nang daerah buring Malang….””SEeeeeet””,,mari tak terno yo to,,aq molehh…
Lha pas moleh..nang dalan ndi mboh aq lali ,ancen peteng..aq moro2 dipisuhi ambe wong sepedahan nggonceng kodew.””juuuooohhhh”””..…aku yo mangkel,gak lapo2 kok moro2 dipisuhi…aku langsung mandek…nduwe niatan kate tak kiter trus tak antemi,tp gak sido,,saking ae gak onok konco aku.(Hhehehe)…mburi kok yo pas gaonok wong sing mlaku searah mbe aq..lek onok mesti wes tak ajak ngantemi wong mau…
Aq mandek nang pinggir .pas nang tikungan iku..atiku sik puanas.muangkel…pas mangkel ngene iki elekku kabeh metu.rasane kyok pingin mangan sembarang2..,yo bakso,yo sate,yo rujak cingur.yo cilok...akeh pokoe..sampek2 aq nduwe pikiran,,pas keadaan ngene iki koncoku kok yo gaonok.nang ndi kabehh…wis pkiran macem2 kbeh metu..
Pas mandek iku.kiro2 jam stengah wolu bengi …aku jektas sadar lek aq iku mandek nde ngarepe omahe uwong,,pas nang sebelahe cendelo kamare kyoke..cendelo iku mbukak..yo tak delok to,,ancen di bukak…nang jeroe iku onok wong lanang wedok turu ambek tipi ne iku morop..ga roh aq ndelok opo…wong iku mau koyoke pasutri,tpi jek nom2..umpama nduwe anak yo siji gek sek cilik..
Gak suwi ngono pikiranku mbalek nang mangkel ku mau..wes gak tak delok cendelo mau..lapo aku kok dipisuhii uwong?....trus aku nyoba ngademne ati..aku kaet mbiyen wes latihan ngademne ati…be e ktemu jawabane...cozz amarah iku opo ae alasane gaoleh dipelihara,garai pikiran buntu jarene..
Atiku wes molai adem..tak lirik maneh cendelo mau..wong lanang wedok mau sik pancet delok tipi..lha pas mari iku..aku kaget………
Pikiranku nemu jawabane,,ternyata aku iku salah dalan..iku mau dalan searah..trus aku nglawan arah…pantesan aq mau gaonok koncoe nang mburiku..trus yo pantes ae dipisuhii…haha..aq guyu2 dewe , ngukuri sirah ambek narik ksimpulan..
1) wong iku lek ga duwe konco brarti onok sing salah nang uripe…
2).dadi uwong iku mbok yo ojo gampang2 misuhi uwong liyane..engko lek malah kedadean sing luwih gedhe.,dielengne apik2 lak yo isok to..misale koyok aku mau,umpama wong mau ngelengno apik2..mesti tak kiter trus tak ajak nang diler..tak tukokno sepedah utowo mobil…
yowes mari iku..aku molehh ..TAMAT